~~~ Welcome to my blog! And don't forget to visit again ^^ Arigato! ありがとう ~~~
Welcome to Chovanila Zone Blog! Please leave a chat or comment :)
RSS

Friday 2 May 2014

Puisi Basa Jawa "Wong Jawa" - Tugas Bahasa Jawa

WONG JAWA
Dening : Suripan Sadi Hutomo

wong jawa aja jawal
jawa jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa, mitraku
geneya kokngiris atiku?
ronggawarsita lan aristoteles
yasadipura lan sokrates
padha dene pujangga linuhung
padha dene pujangga kang agung

yen koksemak buku filsafat
yen koksemak ilmu masyarakat
mung ana siji keblat
kang ajine ora mekakat
kang gawe ati nggrantes
awit mung aristoteles lan sokrates
sinebut sinobya ukara
rinoncen kembang maneka

o, ronggawarsita
o, yasadipura
awit apa basa jawa
kang ora bisa diwaca?
awit apa mung basa latin
kang bisa anuntun batin?

wong jawa aja jawal
jawa jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa,mitraku
geneya kok ngiris atiku ?


kecubung ungu ing taman kutha
iki kahanan kang nembe teka
apa sliramu bakal wuda
melu-melu angumbar dhadha?

wiwawite lesmbadhonge
tabik-tabik sunan kali
kita ngadeg ing grumbul srengenge
kita wani ndhudhah ati ?

Read Comments
  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 comments:

Post a Comment